Wulangan 1
A. Ngrungokake Crita Wayang Panakawan Rungokna! Tembung-tembung nyar sing durung kongerteni tegese utawa karepe catheten.Panakawan
Ing crita pewayangan ana paraga kang jenenge Panakawan. Panakawan iku cacahe ana papat lanang kabeh, yaiku: Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Semar iku bapake, Gareng, Petruk, lan Bagong iku anake. Gareng mbarep,Petruk panggulu, lan Bagong ragile.
Tembung panakawan iku asale saka tembung pana karo kawan kang digarba dadi saktembung, panakawan. Tembung pana tegese ngerti kanthi cetha/ngerti banget, dene kawan tegese kanca. Dadi, tembung panakawawan iku bisa ditegesi kanca kang ngerti banget utawa paham marang sakabehing masalah. Kanthi mengkono Panakawan bisa mangsuli sakabehing pitakonan kanthi bener.
Panakawan ing crita wayang iku sabenere pamong/pamomong. Dene sing dimong iku para satriya. Semar iku sejatine dewa mangejawantah, tegese dewa kang salin rupa utawa njilma dadi titah utawa manungsa lumrah. Ing jagade kadewan, semar iku dewa, jenenge Bathara Ismaya, kakange Bathara Guru. Bathara Guru iku ratune jagad, kratone jenenge Kayangan, manggon ana ing Jongringsaloka.
Sanajan Panakawan iku pamong utawa tukang momong, nanging para satriya sing dimong ngajeni banget. Kabeh padha ngajeni kaya wong tuwane dhewe, panasehat, guru, uga kanca. Pinangka wong tuwa diurmati lan diajeni. Pinangka panasehat, kerep dijaluki tetimbangan lan papan jujugan sakabehing pitakonan. Pinangka guru, digugu lan ditiru sipat becike. Pinangka
kanca kulina diajak lelungan ngenggar-enggarati.
Panakawan iku sipate setya tuhu, marang para satriya utawa bendarane, jujur, ngajeni lan ngurmati marang para sapa bae, uga seneng mbanyol.
Semar, pawakane cendhek lemu, kena diarani bunder, mripate sipit. Gareng cendhek lemu, nanging ora bunder kaya Semar. Gareng sikile gejik, tangane ceko, mripate kera, gamane arit. Petruk gedhe dhuwur, irunge dawa, gamane pethel. Bagong cendhek lemu wujude meh padha Semar, nanging luwih cilik, mripate amba.
Ki Guna Adi, 2023
Sateraman Panakawan
Negesi Tembung
paraga = (Ind. = tokoh)
panggulu = anak nomer loro
ragil = anak mbontot, anak keri dhewe
digarba = tembung loro dirakit dadi siji
mangejawantah = manjilma, ganti wujud (Ind. menjelma)
among/pamomong = tukang momong
lelungan = lunga-Inga, plesir
ngenggar-enggar ati = seneng-seneng, nglipurati
setya tuhu = setia banget
mbanyol = ndagel, guyon
gejik = pincang
ceko = cacat, tangane ora lempeng/nekuk
kera = (Ind. = juling)
gaman - senjata
pethel = sejenis kampak
Post a Comment